Sunday, January 4, 2015

Dawuhing Guru

DAWUHING GURU
WASIAT MBAH HASAN ULAMA’

Mbah Kyai Hasan Ulama
Pendiri Pesantren Takeran

  1. Ojo kepengen sugih, lan ojo wedi mlarat.
  2. Pilih ngendi, sugih tanpo iman opo mlarat ananging iman.
  3. Ojo demen ngudi pengaruhing pribadi, kang ono di openi kanthi temenan, ojo kesengsem gebyaring kadonyan, kanuragan lan pengawasan dudu tujuan. Topo ngrame lakonono.
  4. Sumber bening ora bakal golek timbo.
  5. Ojo demen owah-owah tatanan poro sepuh, wajibe mung ngopeni lan nglestareake.
  6. Ojo demen nyunggi katoke mbahe, amal sholeh tindakno.
  7. Nyawiji naliki nindakake kautamaan, pisah ing dalem kemaksiatan, ing tembe bakal ono titi mangsane, anak putu ono kang nemu emas sak jago gedene, ananging yo mung kandok sak mono iku imane.
  8. Ora liwat anak putuku sing guyub rukun, di podo tansah ngrameake mesjid, tak pangestoni slamet ndonyo akhirat. 
  9. Ojo kendat tansah nindak ake mujahaddah taubat, koyo kang wis di parengake guru.

No comments:

Post a Comment